Bu Rasti: Sugeng enjang, ajeng tumbas napa, Nduk?
Lana: Kula badhe tumbas sayuran diagem ndamel sop, Bu.
Bu Rasti: O nggih, mang milih mawon, niku sampun wonten sing paketan.
Lana: Njih, kula tumbas setunggal mawon. Pinten, Bu?
Bu Rasti: 15 ewu wae, Nduk. Napa malih?
Lana: Kalian lombok setengah kilo, terong setunggal kilo, kembang kol setunggal, miri setunggal pak, lan tumbar kalih pak.
Bu Rasti: Sekedap, Ibu bungkusi riyin, nggih.
Lana: Inggih, Bu.
Bu Rasti: Tumbare entek, Nduk.
Lana: Nggih sampun, mboten usah mawon.
Bu Rasti: Totale 90 ewu ya, Nduk.
Penulis | : | Jestica Anna |
Editor | : | Rahwiku Mahanani |
KOMENTAR