20 Contoh Bebasan, Salah Satu Jenis Kesusastraan Jawa

By Mumtahanah Kurniawati, Rabu, 18 Oktober 2023 | 10:35 WIB
Bebasan adalah salah satu jenis kesusastraan Jawa. (Freepik/pvproductions)

adjar.id - Kesusastraan Jawa memiliki beberapa jenis, salah satunya bebasan.

Bebasan termasuk juga ke dalam basa rinengga, yaitu bahasa yang mengandung unsur keindahan.

Bebasan  berisi kata-kata dalam bahasa Jawa yang dalam penggunaannya tidak boleh ada pengalihan makna ke dalam bahasa lain.

Dalam bebasan, penggunaan bahasa Jawa disampaikan menggunakan pengandaian berupa sifat, watak, atau keadaan seseorang.

Kata-kata dalam bebasan biasanya memiliki makna berupa nasihat, teguran, hingga sindiran kepada orang lain.

Nah, berikut beberapa contoh bebasan.

Contoh Bebasan

1. Njagakake endhoge si blorok -> tegese nunggu utawa ngarep-ngarep samubarang sing during mesthi.

2. Anak polah bapak kepradah -> tegese wong tuwa nemu reribed akibat polahe utawa tingkahe anake.

3. Adigang, adigung, adiguna -> tegese ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.

4. Car-cor kaya kurang janganan -> tegese guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.

Baca Juga: Apa Itu Bebasan Jawa? Ini Pengertian dan Contohnya

5. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot -> tegese yen wis tinakdir (jodoh), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon (dadi).

6. Diwenehi ati ngrogoh rempela -> tegese nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.

7. Durung pecus keselak besus -> tegese durung sembada wis kepengin sing ora-ora.

8. Emban cindhe emban siladan -> tegese siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).

9. Embat-embat celarat -> tegese nyambut gawe klawan ngati-ati banget.

10. Kakehen gludhug kurang udan -> tegese akeh omong, nanging ora ana nyatane.

11. Keplok ora tombok -> tegese melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.

12. Kerot ora duwe untu -> tegese duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.

13. Kriwikan dadi grojogan -> tegese prakara cilik dadi gedhe.

14. Lambe satumang kari samerang -> tegese aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu.

15. Nabok nyilih tangan -> tegese nindakake panggawean ala sarana kongkonan.

Baca Juga: Jenis dan Contoh Basa Rinengga, Materi Bahasa Jawa Kelas X

16. Ngalem legining gula -> tegese nyebut kaluwihane , kapinterane, utawa kasugihane wong.

17. Nglungguhi klasa gumelar -> tegese kari nemu kepenake, tanpa melu rakasane.

18. Nguyahi segara -> tegese weweh marang sugih, tiwas tuwas.

19. Satru mungging cangklakan -> tegese mungsuh kang isih sanak sadulur.

20. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem -> tegese bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh.

Nah, itu dia beberapa contoh bebasan.

Coba Jawab!
Bebasan biasanya berisi kata-kata ....
Petunjuk: Cek halaman 1.

Tonton video ini juga, yuk!