20 Contoh Bebasan, Salah Satu Jenis Kesusastraan Jawa

By Mumtahanah Kurniawati, Rabu, 18 Oktober 2023 | 10:35 WIB
Bebasan adalah salah satu jenis kesusastraan Jawa. (Freepik/pvproductions)

5. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot -> tegese yen wis tinakdir (jodoh), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon (dadi).

6. Diwenehi ati ngrogoh rempela -> tegese nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.

7. Durung pecus keselak besus -> tegese durung sembada wis kepengin sing ora-ora.

8. Emban cindhe emban siladan -> tegese siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).

9. Embat-embat celarat -> tegese nyambut gawe klawan ngati-ati banget.

10. Kakehen gludhug kurang udan -> tegese akeh omong, nanging ora ana nyatane.

11. Keplok ora tombok -> tegese melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.

12. Kerot ora duwe untu -> tegese duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.

13. Kriwikan dadi grojogan -> tegese prakara cilik dadi gedhe.

14. Lambe satumang kari samerang -> tegese aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu.

15. Nabok nyilih tangan -> tegese nindakake panggawean ala sarana kongkonan.

Baca Juga: Jenis dan Contoh Basa Rinengga, Materi Bahasa Jawa Kelas X