Contoh Dialog Menggunakan Bahasa Krama dengan Ibu Guru

By Jestica Anna, Rabu, 27 Juli 2022 | 10:00 WIB
Tingkatan bahasa Jawa yang digunakan ketika hendak berdialog dengan guru adalah krama. (Pexels/MaxFischer)

Bu Elok: Sugeng enjang. Enek apa, Le?

Raka: Tugas matematika menika menapa sios ditumpuk dinten niki?

Bu Elok: Iyo, Le, nanging ibu ora iso koreksi dino iki.

Raka: Wonten menapa, Bu?

Bu Elok: Ibu dino iki ana jadwal rapat ning Dinas Pendidikan, dadi ibu nyuwun tulung tugas kanca-kancamu ditumpuk sik, ya.

Raka: O inggih, Bu. 

Bu Elok: Tulung ditumpuk urut saka nomer presensi awal, nek uwis tumpuken ning nduwur mejane ibu ning kantor.

Baca Juga: 25 Kosakata Bahasa Jawa Krama Alus Sehari-hari dan Artinya

Raka: Nggih, Bu. Berarti ulangan dinten niki nggih mboten sios?

Bu Elok: Iyo, ulangan tak ganti minggu ngarep, ya.

Raka: Nggih. Menapa wonten bab ingkang saget kula bantu malih, Bu?

Bu Elok: Uwis kui wae. Tulung sesok bar bali sekolah ajaken kancamu loro wae nggo ngewangi ibu ngoreksi tugas matematika.