Bapak: Koe aja lunga-lunga sik tho, Le.
Atha: Lha wonten menopo, Pak?
Ibu: Le, mulakno aja nonton sinetron karo dolanan game wae, pisan-pisan cobo nonton berita.
Bapak: Saiki lagi akeh sing terinfeksi virus corona, Le.
Atha: Virus corona niku menopo, Pak?
Bapak: Corona kui virus sing nginfeksi sistem pernapasan atas.
Ibu: Virus siji iki gampang banget nular, Le, kaya penyakit flu kae nanging gejalane luwih parah.
Baca Juga: Contoh Dialog Tawar-menawar di Tempat Wisata dalam Bahasa Jawa
Atha: O njih, lha pripun cara ngertos menawi wonten tiang terinfeksi virus corona, Bu?
Ibu: Gejalane macem-macem, ana sing ringan, nanging ya ana sing parah. Biasane, uwong bakal panas tinggi, sesek, awak rasane pegel kabeh, mumet, watuk kering, lan lara tenggorokan.
Atha: Wah, medeni njih, Bu. Dados, pripun cara ngindari virus corona?
Ibu: Ya salah sijine sing dilarang bapakmu mau, yaiku aja metu-metu sik. Sakliyane iku, awakdewe kudu nganggo masker, jogo jarak siji nganti loro meter, lan kudu kerep ngumbah tangan nganggo sabun.
Penulis | : | Jestica Anna |
Editor | : | Aisha Amira |
KOMENTAR