Bu Lina: Sugeng enjang, enek apa, Le?
Riko: Niki, Bu, kula badhe ngelampiraken surat izin sakit kolowingi Senin.
Bu Lina: O iyo, Le. Saiki apa uwis mari?
Riko: Sampun, Bu. Menapa kula nderek ulangan susulan, njih?
Bu Lina: Iyo, ulangan iku wajib. Nanging, rampungna tugas sing anyar disik, amarga bijine selak diolah.
Riko: Njih, Bu. Batesipun numpuk tugas mbenjang kapan, Bu?
Bu Lina: Sesok ya, Le.
Baca Juga: Contoh Percakapan Bahasa Jawa dengan Orang Tua tentang Wayang Mahabharata
Riko: Inggih. Menawi ulanganipun mbenjang kapan, Bu? Kula badhe sinau.
Bu Lina: Kemungkinan Senin minggu ngarep. Ibu ameh ngolah biji tugas disik. Sesok ibu kabari, ya.
Riko: Njih, Bu. Matur nuwun sanget.
Bu Lina: Sami-sami.
Penulis | : | Jestica Anna |
Editor | : | Rahwiku Mahanani |
KOMENTAR