Contoh Pidato Bahasa Jawa Hari Guru Nasional

By Jestica Anna, Kamis, 24 November 2022 | 08:00 WIB
Pidato bahasa Jawa hendaknya sidampaikan menggunakan bahasa Jawa krama alus. (Freepik)

Bapak utawi ibu guru saha karyawan sedaya ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Mangga kito panjataken syukur dalemipun gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit ing wekdal menika kito tasih diparingi pinaringan sehat, sehinggo ing dalem punika saged makempal kanthi pinaringan sehat walafiat.

Lajeng, sholawat serta salam Allahumma sholli ala muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Bapak ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula tresnani,

Guru menika gadah tugas ingkang awrat.

Mboten namung maringi bekal ilmu pelajaran mawon, nanging inggih materi bab kuripan.

Bapak ibu guru gadah tanggung jawab kagem nandur budi pekerti kagem murid-murid.

Sak nakal-nakale murid, sak mbeling-mbelinge murid, bapak ibu guru tasih sabar mbimbing lan maringi pangerten.

Guru iku pahlawan, pahlawan kang ngawujudake peningkatan kecerdasan bangsa.

Ing dunya iki mboten bakal ana dokter, polisi, tentara, lan arsitek menawi mboten wonten guru.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Pendidikan