Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Hari Pahlawan

By Jestica Anna, Jumat, 11 November 2022 | 19:00 WIB
PIdato bahasa Jawa atau seseorah umumnya disampaikan menggunakan bahasa Jawa krama. (adjar.id/AJ)

Poro bapak/ibu guru lan hadirin sedaya ingkang tansah kawula hormati, lan

Poro rencang-rencang ingkang kawula sayangi.

Sepindah, mangga kito sedaya tansah manjataken puji syukur dumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha Pengasih.

Berkat rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, sehinggo saget rawuh wonten mriki kanthi sehat walafiat.

Kaping kalih, sholawat serta salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula tresnani, dinten menika kita sedaya mengeti Dinten Pahlawan.

Dinten menika saget kagem mengeti kito sedoyo marang perjuangan para pahlawan.

Semangat 45 kang sampun diwekdalake kangge kamardikaan bangsa Indonesia, mbebasaken bangsa saking penjajah.

Ing jaman kepungkur, para pahlawan menika ikhlas tumindak menapa mawon kangge Indonesia, wantun katutup ing getih kangge ngusir penjajah.

Kamardikaan, persatuan, lan kesatuan kang sampun diwujudake para pahlawan menika sakedahipun kito jogo, ampun ngantos wonten perpecahan kalian sederek sebangsa.

Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula kurmati, sumangga kita sedaya ndongakaken kangge perjuangan lan jasa para pahlawan.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Pendidikan

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, mugiyo kita sedaya saget dados warga negara kang saget njaga persatuan lan kesatuan bangsa.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikianlah contoh pidato bahasa Jawa atau sesorah Hari Pahlawan, Adjarian.