Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah tentang Sumpah Pemuda

By Jestica Anna, Rabu, 26 Oktober 2022 | 16:20 WIB
Dalam bahasa Jawa, pidato disebut dengan sesorah. (Pexels)

Poro bapak/ibu guru lan hadirin sedaya ingkang tansah kawula kurmati, dallah

Poro rencang-rencang ingkang kawula sayangi.

Sepindah, mangga kita sedaya tansah manjataken puji syukur dumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha Pengasih.

Berkat rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, sehinggo saget rawuh wonten mriki kanthi sehat walafiat.

Kaping kalih, sholawat serta salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula tresnani, dinten menika kita sedaya mengeti Dinten Sumpah Pemuda kaping 94.

Dinten Sumpah Pemuda dipun ngengeti wonten tanggal 28 ing wulan Oktober.

Mengeti Dinten Sumpah Pemuda mboten namung nderek upacara kemawon, nanging inggih menika kita kedah saget mundut hikmahipun.

Poro rawuh ingkang kula kurmati,

Ing zaman kepungkur, poro muda-mudi gadah semangat kangge merjuangake kawetahan bangsa Indonesia.

Katah bangsa Walanda ingkang ngalang-ngalangi, nanging muda-mudi tetep semangat merjuangaken kemerdekaan.

Baca Juga: Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa di Sekolah