Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tumbuhan Kaktus

By Jestica Anna, Jumat, 21 Oktober 2022 | 07:00 WIB
Tumbuhan merupakan salah satu topik yang dapat diangkat menjadi sebuah teks deskripsi bahasa Jawa. (Pexels)

Kaktus iku tetanduran kang kerep ditemoni ing gurun utawa padhang pasir sing garing.

Senajan manggon ing wilayah garing, kaktus nduwe godhong sing awujud eri cilik-cilik lan gagang sing nduwe kemampuan nyerep banyu akeh.

Amarga godhong lan gagange kuwi mau, kaktus bisa urip ing panggon garing lan panas kanthi taunan.

Kaktus iyo kalebu klompok sekulen, ditandhani saka kabisan gagange sing bisa kanggo nyimpen serep banyu kanthi akeh.

Meh kabeh varietas kaktus nduweni ciri khas sing padha. Misale, godhong sing awujud eri, gagang sing bisa nyerep banyu, oyot kang dawa lan amba, lan nduwe lapisan khusus.

Habitat kaktus sing paling umum yaiku ing padang pasir utawa gurun gersang.

Nanging kanyataane, kaktus sing urip ing gurun namung watara 25% saka total varietas sing ana ing donya.

Watara 75% liyane pada urip ing padang rumput, alas meranggas, semi gurun, lan padang rumput kering.

Metabolisme kaktus bedo banget yen dibandingke tetanduran liyane.

Iki amarga kaktus nduwe sistem metabolisme khusus sing iso marai tahan urip ing kahanan nemen.

Salah sawijining conto metabolisme khusus yaiku kaktus bakal mbukak stomata ing wayah bengi dibandhingake karo wayah awan.

Baca Juga: Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Hewan Penyu

Sakliyane godhong lan gagang, oyot kaktus uga nduweni peran penting.

Oyot kaktus bakal nyebar ing samping kiwo tengen kanthi adoh banget pas wayah mangsa udan.

Fungsine kanggo golek banyu saakeh-akehe. Pas wayah musim panas, kaktus bakal medhotake oyot supaya kabutuhan banyu fokus ing gagang lan godhong.

Saiki kaktus akeh dikembangbiakke kanggo tetanduran hias. Perawatane gampang, ora angel lan ora gampang layu.

Nah, itulah contoh teks deskripsi tentang tumbuhan kaktus, Adjarian.

Coba Jawab!
Jelaskan pengertian teks deskripsi dalam bahasa Jawa!
Petunjuk: Cek halaman 1.