Contoh Teks Sambutan Ketua OSIS Bahasa Jawa

By Jestica Anna, Minggu, 2 Oktober 2022 | 18:00 WIB
Teks sambutan ketua OSIS dalam bahasa Jawa hendaknya disampaikan menggunakan tingkatan bahasa Jawa krama. (Unsplash/HerlambangTinasihGusti)

Sugeng enjang.

Bapak kepala sekolah lan bapak ibu gutu ingkang kula kurmati.

Rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani.

Sepindah, mangga kito sedaya tansah manjataken puji syukur dumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha Pengasih.

Berkat rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, sehinggo saget rawuh wonten mriki kanthi sehat walafiat.

Kaping kalih, sholawat serta salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Mugi-mugi, kito angsal syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah mbesok.

Kula minangka ketua OSIS SMA 18 Solo badhe ngaturaken perpisahan saking rencang-rencang.

Kula ndherek bingah dene panjenengan sedaya lan kula saget kasil medal saking SMA kanthi nganthongi ijasah kagem mlebet perguruan tinggi.

Rencang-rencang kelas 12 ingkang kula kasihi, kula lan kanca-kanca OSIS ngaturaken pangapura awit kekirngan lan kaluputan kula sakanca.

Kagem adik-adik kelas sedasa lan sewelas, kula sakanca badhe ngaturaken matur nuwun kagem kesempatan lan dukunganipun.

Baca Juga: Contoh Teks Sambutan Acara Kelulusan Sekolah