Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Candi Prambanan

By Jestica Anna, Sabtu, 6 Agustus 2022 | 09:00 WIB
Candi Prambanan bisa diangkat menjadi topik penulisan teks deskripsi bahasa Jawa. (Pixabay)

Candi Prambanan iku candi kang nduwe corak Hindu paling gedhe sak Indonesia sing ana ing antarane Kota Solo lan Yogyakarta.

Candi Prambanan dibangun jaman peradaban Jawa kuno kawiwitan saka Sri Maharaja Rakai Pikatan.

Kompleks Candi Prambanan iki kalebu Situs Warisan Dunia UNSECO amarga legendaris lan nyimpen akeh sejarah.

Yen mlebu Kompleks Candi Prambanan iki, koe bakal ndelok akeh candi-candi sing dibangun apik.

Candi utama kang dadi pusate yaiku Candi Siwa, kang nduweni duwur 47 meter.

Pas mlebu ing kompleks Candi Prambanan, rasane kaya lagi mlebu ing peradaban jaman Jawa Kuno.

Lingkungan sekitare resik, akeh suket ijo, wit, ditambah pemandangan candi-candi sing menarik.

Baca Juga: Contoh Teks Berita atau Pawarta dalam Bahasa Jawa tentang Bencana Alam

O iyo, dalan arep menyang candine lumayan adoh, nanging rasa kesele bakal lunas karo pemandangan sing megah.

Koe iso jipuk foto neng endi wae, panggone sing resik lan latar belakang candi sing megah iso nggawe fotomu dadi apik lan kebak makna.

Relief sing diukir ing dinding candi koyo dadi bukti kejayaan lan misteri jaman Wangsa Sanjaya.

Sak durunge bali, koe iso mampir tuku suvenir khas Prambanan kanggo oleh-oleh, sisan ndukung bisnis lokal.