Contoh Teks Bahasa Jawa Menceritakan Pengalaman Mudik ke Kampung Halaman

By Jestica Anna, Rabu, 4 Mei 2022 | 12:30 WIB
Pengalaman mudik ke kampung halaman dapat dijadikan topik teks berbahasa Jawa. (Unsplash/RajivPaerea)

Jarak Semarang menyang Solo cedak, mung 60 km kira-kira. Aku lan keluargaku lewat tol. Biasane waktu perjalanan ditempuh mung sekitar rong jam.

Nanging, amarga macet banget, perjalanan ditempuh watara limang jam.

Ing perjalanan arep menyang Solo, aku lan keluargaku sempet mampir rest area lan pom bensin ping telu.

Pas kui isih poso, dadi awake dewe ora mampir maem. Awake dewe mung mampir leren lan isi bensin.

Wes limang jam menempuh perjalanan, akhire aku lan keluargaku tekan ing dalemipun eyang putri ing Solo.

Aku wis kangen banget eyang putri lan sedulur-sedulurku kabeh.

Dina iku uwis sore, dadi aku lan bapak ibu langsung resik-resi awak uga persiapan takbiran ing kampung. Aku seneng banget akhire iso melu takbiran keliling maneh ing Solo.

Baca Juga: Contoh Teks Menceritakan Kampung Halaman dalam Bahasa Jawa

Sakwise takbiran aku langsung bali omah eyang lan turu risik ben sesuk isuk iso tangi salat Idulfitri.

Aku lan keluargaku salat Idulfitri ing lapangan cedak dalemipun eyang. Bar kui, awake dewe kabeh langsung nyuwun ngapura, urut saka sing tuwa ning sing luwih enom.

Bar salam-salaman banjur maem opor, rendang, lan sambel goreng ati gaweyan eyang, ibu, lan bulikku.

Nah, salah sawijining momen sing tak nanti akhire kedadean, yaiku silaturahmi kalian tonggo. Para tonggo podo moro ing omahe eyang kanggo silaturahmi. Aku bisa ketemu kanca-kanca cilikku.