40 Contoh Tembang Macapat Pangkur dengan Berbagai Tema

By Jestica Anna, Kamis, 17 Maret 2022 | 12:00 WIB
Pangkur merupakan tembang macapat Jawa urutan ke-9. (Piqsels)

33. Tata Krama

Kikisane mung sapala

Palayune ngendelken yayah wibi

Bangkit tur bangsaning luhur

Lahiya ingkang rama

Balik sira sarawungan bae durung

Mring atining tata krama

Nggon anggon agama suci

34. Semangat Njalani Urip

Deduga lawan prayoga

Myang teringa watara away kari

Iku prabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg miwah lumaku

Angucap meneng anendra

Dugi-duga nora kari

Baca Juga: Kosakata dan Dialog Bahasa Jawa Krama Alus dalam Kehidupan Sehari-Hari 

35. Nggugu Rakyat

Nggugu karsane priyangga

Nora nganggo peparah lamun angling

Lumuh ingaran balilu

Uger ngguru aleman

Nanging janma ingkang wus waspadeng semu

Sinamun ing samudana

Sasadon ingadu manis

Tembang Pangkur Tema Agama

36. Bangkit Mangungut Jiwangga

Sapantuk wahyuning Allah

Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit

Bangkit mikat reh mangungut

Kukutaning jiwangga

Yen mangkono kena sinebut wong sepuh

Lirih sepuh sepi hawa

Awas roroning ngatunggil

37. Nggayuh Impen

Tan samar pamoring sukma

Sinukna ya winahya ing ngasepi

Sinimpen telenging kalbu

Pembukaning warana

Tarkeng saking liyep layaping ngaluyup

Pindha pesating supena

Sumusuping rasa jati

38. Mulih Mula Mulanira

Sajatine kang mangkana

Wus kakenan nugrahaning hyang widhi

Bali alaming ngasuwung

Tan karem karemean

Ingkang sipat wisesa winisesa wus

Mulih mula-mulanira

Mulane wong anom sami

Contoh Tembang Pangkur Tema Bangsa

39. Ngurbanke Jiwa Raga

Pitung puluh gangsal warsa

Kamardikan nagri kita sayekti

Para pangarsa satuhu

Ngurbanake jiwa raga

Ugi lila donya brana bandha kaudhu

Sedaya mrih Indonesia

Mardika tur berdhikari

40. Berjuang Kangge Negara

Ing wekdal kang samenika

Mangga njagi kamardikan puniki

Sadaya sageda rukun

Berjuang ngge negara

Nyambut damel kanthi tekun kan sengkud

Manut kasagedan kita

Indonesia kuat adi

Nah, Adjarian, demikianlah 40 contoh tembang Pangkur dengan berbagai tema.

Baca Juga: Pengertian Kalimat Perintah Ukara Pakon dalam Bahasa Jawa dan Jenisnya